Piye Jal Carane Gawe Sego Tiwul

Hayo sopo sek ngerti jenengi "Tiwul", Nek sing wong ndeso yo wes mesti ngerti opo jenenge tiwul. Yoiku panganan sing di gawe seko gaplek alias telo garing sing di peme utowo gaplek. Nalikone jaman mbiyen tiwul kuwi dadi panganan favorit sing pendhak omah mesti akeh sing gawe. Mergane jaman semono durung akeh sing iso mangan sego, yo karang kahanane jaman mbiyen iseh susah dadi mangan yo sak anane.

Aku yakin yen bocah saiki mesti wes ora kenal karo sing jenenge tiwul, ngerti wae ora opo maneh ngrasakke. Jiant, memang wes berubah jamane. Elingku mbiyen, naliko jamane simbah iseh roso meh mben dino menyang sawah gawanane sego tiwul kui kanggo sangu karo di nggo managan nek wes bedug.
Piye Jal Carane Gawe Sego Tiwul
Sego Thiwul

Terus piye carane gawe sego tiwul? Sakdurunge kowe moco carane gawe sego tiwul mending di delok sek proses karo bahan sek arep di gawe sego tiwul kuwi.

Gaplek
Gaplek yoiku telo sek wes di peme utowo di garingke, biasane nek wong jaman mbiyen mari mulih seko sawah nggowo telo banjur di unceki nganti resik. Mari ngono terus di kumbah resik terus di peme nang latar nganti garing, kadang kolo ora mung cukup se dino opo rong ndino iso luwih suwi opo maneh nek mongso rendheng. Nek wis garing banjur gaplek iku mau di simpen nang senthong (gudang) dadi nek sak wayah wayah pengen nggawe tiwul, utowo grontol, opo gatot mung gari njupuk nang senthong.

Okey bro, saiki mbahas piye carane membuat tiwul instan? Carane gawe sego tiwul yoiku gaplek sing di simpen nang sentong mau di jupuk sak cukupe banjur di deplok( di tumbuk) ngasi lembut banjur di ayak nganggo saringan. Ngene waelah ben ora njelimet leh mu moco deloken ngisor iki:

Bahan sing di nggo
350 gram gaplek
150 gram gula jawa/ abang
200 gram parutan klapa
2 godhong pandan dawane 20 cm, di taleni
1 lembar godhong gedhang
350 ml banyu resik
Garam uyah kanggo nambah rasa sedhep.

Carane masak


  1. Singkong (gaplek) giling opo di deplok nganti dadi kaya glepung, banjur disiram banyu sithik-sithik, banjur di ulet nganti mbentuk bunderan cilik-cilik. Sisihke dhisik, amarga iki minangka bahan utama.
  2. Panaske dhandhang utowo kukusan, aja lali di lemeki nganggo godhong gedhang.
  3. Lebokne bahane utama mau menyang dhandhang utowo kukusan.
  4. Tambahi gula abang sing wis dipun serut nang nduwure thiwul sing di masak mau, kudu rata yo, nanging ora kabeh roto keno yo rapopo, banjur dikukus nganti kira-kira 1 jam, banjur di bukak.
  5. Sawisé iku, kukus klapa parutan sing karo godhong pandan lan tuwuhi uyah, nganti meh 15 menit, banjur angkat.
  6. Sego Tiwul siap dicicipi karo klapa klapa.

Lha kuwi mau carane nggawe sego tiwul manis tur gurih. Sanajan luwih rumit tinimbang masak sego biasa, sampeyan kudu nyoba. Yen sampeyan pengin apa sing ora manis, mung ninggalake gula abang.


Labels: PIWULANG

Thanks for reading Piye Jal Carane Gawe Sego Tiwul. Please share...!

0 Comment for "Piye Jal Carane Gawe Sego Tiwul"


Back To Top