Carane Ngusir Manuk Emprit Nang Sawah

Nang postingan saiki aku arep nyoba ngandhani teknik sing di enggo tanggaku Ben kepiye carane ngusir manuk emprit utowo burung Pipit sing mencok nang tanduran pari.

Biasane nek wes wayah mrekatak utowo pari lekas njedul, akeh manuk emprit sing arep nggolek pangan nang Kono. Kanggo manuk emprit pancene nyenengke, dheweke iso wareg mangani pari, Ning kanggone pak tani Yo nyusahke mergane parine marai rusak tur hasile yo sudo. Opo maneh yen manuk kuwi mau le teko gerombolan sak erap-erap, lha dalah pari sak sawah iso entek nek ora cepet di tangani.

Terus piye resep sik di saranke karo tanggaku kui mau? Nalikane uji coba kui mau pancene ono hasile, Yo iku manuk pada mebur, terus ora gelem teko maneh. Ning carane kudu ngati-ati, mergone iso-iso dudu manuk emprit sing kena usir malah manuke dewe sing kepanasan megap-megap.

Wis ngene Ki wae tak ceritani, wektu iku tanggaku pernah cerita yen arep ngusir manuk emprit ben supayane kapok ora gelem moro meneh nyang tanduran yoiku goleko balsem g*liga utawa reumason, banjur balsem sing panas kui mau di jur ngasi cair. Mari ngono di campur karo banyu resik sing nang tanki semprot terus di udak-udak ngasi roto. Banjur di semprotke nang tanduran pari kui mau.

Aku wis ngomong yen arep nyoba kudu ngati-ati, mergane nate kedadean wektu tanggaku kui mau nyoba meraktekake di nggo nyemprot tanduran nang sawah selang semprot kui mau bocor ndilalahe malah nelesi kathok sing di nggo wektu kui. Lha banjur wonge kui mau ngoling ngoling marai geger wong sak RT mergane gak tahan seko panase balsem sing nelesi kathok karo manuke kui mau. Lha banjur mulih ketuk ngomah langsung wudo karo ngadep kipas, mergo manuke kepanasen banyu balsem kui mau.

Lha tanggane liyane sing krungu kahanan kui mau rak yo ngguyu kepingkel pingkel. Dudu manuk emprit sing di usir malah keno manuke dewe sing kepanasan mergo keno banyu balsem.

Lha poro wargo tani, carane kui mau yo patut di coba. Mergone wis sempet iso di buktekne yeng nganggo balsem g*liga kui mau iso ngusir manuk emprit sing nganggu tanduran pari panjenengan. Matur suwun.
Labels: BERITA VIRAL, PAK TANI

Thanks for reading Carane Ngusir Manuk Emprit Nang Sawah. Please share...!

0 Comment for "Carane Ngusir Manuk Emprit Nang Sawah"


Back To Top