Carane Ngusir Manuk Emprit Nang Sawah

Nang postingan saiki aku arep nyoba ngandhani teknik sing di enggo tanggaku Ben kepiye carane ngusir manuk emprit utowo burung Pipit sing mencok nang tanduran pari.

Biasane nek wes wayah mrekatak utowo pari lekas njedul, akeh manuk emprit sing arep nggolek pangan nang Kono. Kanggo manuk emprit pancene nyenengke, dheweke iso wareg mangani pari, Ning kanggone pak tani Yo nyusahke mergane parine marai rusak tur hasile yo sudo. Opo maneh yen manuk kuwi mau le teko gerombolan sak erap-erap, lha dalah pari sak sawah iso entek nek ora cepet di tangani.

Terus piye resep sik di saranke karo tanggaku kui mau? Nalikane uji coba kui mau pancene ono hasile, Yo iku manuk pada mebur, terus ora gelem teko maneh. Ning carane kudu ngati-ati, mergone iso-iso dudu manuk emprit sing kena usir malah manuke dewe sing kepanasan megap-megap.

Wis ngene Ki wae tak ceritani, wektu iku tanggaku pernah cerita yen arep ngusir manuk emprit ben supayane kapok ora gelem moro meneh nyang tanduran yoiku goleko balsem g*liga utawa reumason, banjur balsem sing panas kui mau di jur ngasi cair. Mari ngono di campur karo banyu resik sing nang tanki semprot terus di udak-udak ngasi roto. Banjur di semprotke nang tanduran pari kui mau.

Aku wis ngomong yen arep nyoba kudu ngati-ati, mergane nate kedadean wektu tanggaku kui mau nyoba meraktekake di nggo nyemprot tanduran nang sawah selang semprot kui mau bocor ndilalahe malah nelesi kathok sing di nggo wektu kui. Lha banjur wonge kui mau ngoling ngoling marai geger wong sak RT mergane gak tahan seko panase balsem sing nelesi kathok karo manuke kui mau. Lha banjur mulih ketuk ngomah langsung wudo karo ngadep kipas, mergo manuke kepanasen banyu balsem kui mau.

Lha tanggane liyane sing krungu kahanan kui mau rak yo ngguyu kepingkel pingkel. Dudu manuk emprit sing di usir malah keno manuke dewe sing kepanasan mergo keno banyu balsem.

Lha poro wargo tani, carane kui mau yo patut di coba. Mergone wis sempet iso di buktekne yeng nganggo balsem g*liga kui mau iso ngusir manuk emprit sing nganggu tanduran pari panjenengan. Matur suwun.

Azab Mergo Sering Nyruput Kopine Koncone,Viral nang Facebook

Ono foto sing sempet viral nang group Facebook, jarene goro-goro kulino nyruput kopine koncone.

Lha nek ngene ki rak yo medeni to, mosok mergo nyruput kopine koncone. Lha mungkin sing di sruput kuwi kopi sing di rubung semut, banjur nyonyor cangkeme.

Haha ono-ono wae....

Wong Tani Sukses Seko Nandur Lombok

Wong Tani Sukses Seko Nandur Lombok

Seko berita Jawa Post - Pensiun seko gawean pegawe negeri ora marai Imam Kusno mandeg seko usahane nguripi anak bojone. Wong lanang sing sakdurunge kerjo dadi guru kuwi mau malah sukses seko nenandur wit lombok. Asile malah ngluwihi seko nyambut gawe sakdurunge sing dadi PNS. Iki ulasane, banjur woconen...

Wis 4 taun Imam sregep nandur lombok lokal, dheweke nandur komoditas sing saiki regane lagi duwur kuwi nang sawahe sing jembare kiro kiro sak hektar ning deso Naai Raya, Kecamatan Arut Selatan, Kabupaten Kotawaringin Barat, Kalimantan Tengah.

Kisah Petani Cabai Sukses, Untungnya Menggiurkan
Dodolan Lombok

Setaun, ngakune Imam iso entuk untung ngasi 100 juta rong panenan. Kuwi mau di lakoni dewe ora ono sing nrewangi. Rego lombok wektu kuwi ngasi 150 ewu sak kilone,

"Sing awak dewe tandur kuwi mung seprapat hektar wae, sekitar limang batang wae. Nek nganggo tenogo dewe mung Rp 3000 rupiah per wit biayane ngerawat ngasi wayah panen" Jarene Imam naliko di parani nang tegalane.

Mung jarene Imam nandur lombok kuwi mau ibarate koyo momong bayi, kudu tekun ora mung di jarne wae. Pas wayahe panen, tengkulak podo moro nang omahe. Dheweke ngedol Rp 125 ewu per kilo.

"Tergantung seko kualitas bibite, biasane rego normal mbiyen sak durunge mundak mung Rp 20 ewu tekan Rp 40 ewu per kilo" jarene.

Imam ngomongke nek rego lombok mundak nang pasaran mergo cuacane sing ora tentu. Kuwi mau ngarai omo lombok, koyo jamur, lan omo liyane sing gampang nulari. Sing di wedeni pak tani yo kuwi nek udan wayah awan, mergane jamur akeh sing do mekrok. Mergane kuwi sak bare udan wit lombok kudu di semprot.

"Marai kasil opo ora kuwi tergantung cuaca. Luwih apik nek musim panas sisan luwih apik. Nek wayah udan nandur lombok jamur akeh banget, patek yo akeh. Mangkane sedino ping pindho kudu di semprot supayane ora gagal panen" Jarene.

Liyane kuwi, Kasi Produksi Hortikultura Dinas Tanaman Pangan, Hortikultura dan Perkebunan Kabupaten Kobar Legiman ngomong nek wong tani Kobar paling akeh sing nang Kecamatan pangkalan Lada lan Arut Selatan. Lombok lokal nang kobar iso nyukupi pasar.

"Salong di pasok seko jowo, saiki lombok pasaran wes mlai di suplai seko wong tani lokal tur kualitase yo apik" Jarene

Pengen Ngerti Carane Wong Nyebrang Dalan Sing Marai Ngakak!


Deloken carane wong iki nyeberang nang ndalan gede sing rame banget, ndisike wong kuwi mung maju mundur bingung le arep nyeberang. Gandeng dalane rame banget wong lanang iki banjur nggolek inisiatif  ben kepiye carane iso nyeberang.

Banjur wong kuwi mau ngento' ben di kiro uwong lagi loro sikile terus mberangkang karo nyebrang dalan.


Banjur mobil sing arep liwat kuwi mau mandeg terus nulungi menehi dalan karo wong kuwi mau sinambi nahan kendaraan liyane, ngasi wong kuwi mau tekan pinggir dalan. Nanging wong sing nyebrang kuwi mau terus mlayu rikat. Lha sing nyebrangne banjur misuh-misuh mergane kapusan karo wong nyeberang kuwi mau. Hehehe... ono-ono wae akale wong kuwi.
Guyonan Marai Ngakak Kepingkel-Pingkel

Guyonan Marai Ngakak Kepingkel-Pingkel

Guyonan sing waton, Ngakak. Nek wong jowo ra iso guyon ora asyik... Ben podo mesam-mesem deloken woconen gambar-gambar iki ben ra sepaneng.

Hasil gambar untuk guyonan lucu jowo

Emange nek wong lemu kuwi nduwe niat diet??, Biasane nek wong lemu ki mangane Akeh...haha


Hasil gambar untuk guyonan lucu jowo

Nek mantan pacar wagu yo, ndakne koyo raono liyo. Nek alumni kan iso reuni, dadi nek balen ra ngisin-ngisini hehe...


Hasil gambar untuk guyonan lucu jowo

Emange motor piye iso banter- iso kalem, Terus nek mbleyer-bleyer piye?


Hasil gambar untuk guyonan lucu jowo

Emange mesjid ki salon wkwkwk, yo ora to mesjid ki dinggo ngibadah ora nggolek ngganteng.

Hasil gambar untuk guyonan lucu jowo

Wkwkwk...

Hasil gambar untuk guyonan lucu jowo

Mangkane ojo ngrusuhi bojone uwong liyo..


Hasil gambar untuk guyonan lucu jowo

Dadi mung iso nyawang tok yo...hehe

Viral, Video Bule Golek Siso Panganan Nang Bak Sampah

Berita sing sempet viral nang jejaring social koyo facebook, yo kuwi ono sawijining video seko youtube sing marai uwong-uwong podho gumun. Isi video kuwi babagan bule kere sing nggolek sisone panganan nang bak sampah. Bule sing lagi plesiran nang Bali kuwi mau, mbuh kentekan duwit, grayah -grayah nang bak sampah golek panganan ning kawasan wisata Sanur, Denpasar, Bali. Vdeo kui mau terus dadi rerasan uwong-uwong sik gumunan. Nang video sing durasine 17 detik kuwi, bule kuwi mau lagi asyik gegrayahan nggolek panganan nang bak sampah. 

Wisatawan bule sing durung di ngerteni jenenge mau, ketoro deweke nggowo tas koper terus pindah-pindah panggonan karo mangan panganan siso sing di guwang nang bak sampah kuwi mau. Aksi bule kuwi mau nggarai heboh sak kiwo tengene wong Bali, mergane biasane nek bule teko mrono mung arep plesir lha kok mlah dadi koyo wong kere.


Back To Top