Wong Tani Sukses Seko Nandur Lombok

Seko berita Jawa Post - Pensiun seko gawean pegawe negeri ora marai Imam Kusno mandeg seko usahane nguripi anak bojone. Wong lanang sing sakdurunge kerjo dadi guru kuwi mau malah sukses seko nenandur wit lombok. Asile malah ngluwihi seko nyambut gawe sakdurunge sing dadi PNS. Iki ulasane, banjur woconen...

Wis 4 taun Imam sregep nandur lombok lokal, dheweke nandur komoditas sing saiki regane lagi duwur kuwi nang sawahe sing jembare kiro kiro sak hektar ning deso Naai Raya, Kecamatan Arut Selatan, Kabupaten Kotawaringin Barat, Kalimantan Tengah.

Kisah Petani Cabai Sukses, Untungnya Menggiurkan
Dodolan Lombok

Setaun, ngakune Imam iso entuk untung ngasi 100 juta rong panenan. Kuwi mau di lakoni dewe ora ono sing nrewangi. Rego lombok wektu kuwi ngasi 150 ewu sak kilone,

"Sing awak dewe tandur kuwi mung seprapat hektar wae, sekitar limang batang wae. Nek nganggo tenogo dewe mung Rp 3000 rupiah per wit biayane ngerawat ngasi wayah panen" Jarene Imam naliko di parani nang tegalane.

Mung jarene Imam nandur lombok kuwi mau ibarate koyo momong bayi, kudu tekun ora mung di jarne wae. Pas wayahe panen, tengkulak podo moro nang omahe. Dheweke ngedol Rp 125 ewu per kilo.

"Tergantung seko kualitas bibite, biasane rego normal mbiyen sak durunge mundak mung Rp 20 ewu tekan Rp 40 ewu per kilo" jarene.

Imam ngomongke nek rego lombok mundak nang pasaran mergo cuacane sing ora tentu. Kuwi mau ngarai omo lombok, koyo jamur, lan omo liyane sing gampang nulari. Sing di wedeni pak tani yo kuwi nek udan wayah awan, mergane jamur akeh sing do mekrok. Mergane kuwi sak bare udan wit lombok kudu di semprot.

"Marai kasil opo ora kuwi tergantung cuaca. Luwih apik nek musim panas sisan luwih apik. Nek wayah udan nandur lombok jamur akeh banget, patek yo akeh. Mangkane sedino ping pindho kudu di semprot supayane ora gagal panen" Jarene.

Liyane kuwi, Kasi Produksi Hortikultura Dinas Tanaman Pangan, Hortikultura dan Perkebunan Kabupaten Kobar Legiman ngomong nek wong tani Kobar paling akeh sing nang Kecamatan pangkalan Lada lan Arut Selatan. Lombok lokal nang kobar iso nyukupi pasar.

"Salong di pasok seko jowo, saiki lombok pasaran wes mlai di suplai seko wong tani lokal tur kualitase yo apik" Jarene
Labels: BERITA VIRAL, PAK TANI

Thanks for reading Wong Tani Sukses Seko Nandur Lombok. Please share...!

0 Comment for "Wong Tani Sukses Seko Nandur Lombok"


Back To Top