Falsafah Urip Wong Jowo Sing Gawe Tentrem Nang Ati

Neng artikel iki sak liyane nambah ngelmu siro ugi pengin melestantunaken budaya jawi ingkang sampun di pun lali aken, njih puniko pitutur lan maknanipun, kagem tiyang jowo pangandhikan menika anggadhahi makna panguripan dados kedah ngati-ngati anggene ngendika lan njagi unggah-ungguhipun.

Boso jowo punika persis kaliyan boso yunani ingkan kathah ngilmu sastranipun lan filosofi ingkang migunani kangge tentreming urip, Panjenengan sampun mangertosi piyambak wonten ing tanah jawi meniko kathah tiyang ingkang kondang amargi unggah ungguhipun anggenipun ngajeni tiyang sanes.
Falsafah Urip Wong Jowo Sing Gawe Tentrem Nang Ati
Salah satu falsafah jawa
Ing jaman saiki ingkang sampun modern kathah tiyang jowo ananging sampun mboten remen kaliyan budaya jowo, kadhos jaman saiki wonten unen-unen "WONG JOWO RA NJAWANI" utowo " WONG JOWO ILANG JAWANE" iku ingkang ateges tiyang jowo puniko sampun kesupen kaliyan jiwo jawanipun amargi sampun kathah lare lare enom punika kenging dampak saking budaya modern saking luar nagari kadhos boso gaul puniko.

Kedahipun panjenengan wedi kaliyan budaya lan filosofi jowo mbok menawi samangkeh ical saking pagesangan kita sedaya, lan kulo panjenengan sami sampun mboten pantes di pun sebat tiyang jawi. Kagem tiyang jawi puniko olahan kata sampun dados ciri khas, kados mekaten " aku iki mung lempung di kek'i nyowo" nek boso indonesiane "aku ini hanya tanah liat yang di beri nyawa", iku artine nek tiyang niku andhap asor kaliyan tiyang sanes.

Lha iki, saiki aku arep mbagekake 5 filosofi sing sering di gunakake tiyang jowo kagem cekelan ing pagesangan, mbuh kuwi kagem tiyang sanes utawi kanggo awake dhewe. Mugi saged kangge nambah wawasan kulo lan panjenengan sami.

1. Sura Dira Jayaningrat, Lebur Dening Pangastuti

Ukoro kasebat cekak nanging kathah makna ingkang jeru kagem tiyang jowo, njih puniko kabeh sifat iri, atos atine, sifat ingkang dursila, ora ngajeni tiyang sanes saged di pun atasi kanthi Sabar, Ikhlas, lan Bijak. Dados menawi tiyang jowo meniko pikantuk sifat ingkang dursila utawi jahat saking tiyang sanes utawi wonten ati ingkang atong ing piyambakipun kudu sabar lan bijak.

2. Aja Kuminter Mundak Keblinger, Aja Cidra Mundak Cilaka

Kanggo wong jowo sifat merendah iku wis di pun ajaraken kaliyan lingkungan lan tiyang sepuh, kados unen-unen iku sing artine Ojo rumongso pinter mergane engko ndak salah arah, tur ojo ngapusi mengko ndak ciloko. Kanggo wong liya iku yo iso di nggo cekelan mben dinten.

3.Nerimo ing pandum

Nek sing iki kerep di nggo sedino-dino, sing artine sikap sing Jujur, Ikhlas, enteng ing gaweane, nompo opo anane, rumongso cukup lan syukur. Nek sampeyan ngerti wong jaman mbiyen mesti urip kuwi tenang, santai, tentrem, tur nrimo.

4. Aja Adigang, Adigung, Adiguno

Nek dudu wong jowo mesti di anggep lucu, nanging nek ngerti artine sing jeru yo iku Jogo kelakuan / toto kromo, unggah-ungguh, ojo sombong nek duwe kekuatan,kedudukan, opo maneh pangkat, opo latar bekangmu. Mergane kowe kuwi podo aku nek ngising yo mambu... Dadi ora perlu ngremehke wong liyo, jogo toto kromo unggah ungguh.

5. Wong jowo iki gampang di tekuk – tekuk

Nek kuwi paribasane wong jowo kuwi gampang berbaur, iso nompo lingkungane sak kiwo tengene, ngajeni adat lan sifate wong liyo.

Kuwi mau  filosofine wong jowo sing saiki mulai luntur mergo jaman soyo modern. Mugo mugo wae anak putune awak dhewe ojo ngasi leno seko perubahane jaman. Tetep Eling Lan Waspodo.

Wes sek yo... Arep Turu sek..

Teklek kecemplung Kalen

Kodok nyemplung kalen timbang golek aluwung balen, geguritan kuwi sering di gunaake nalika bocah sing nembe pedhot Seko pacaran nanging kesuwen entuk ganti. Lha banjur balik maneh karo pcare sing pedhot kuwi mau.
Biasane bocah ngono kui mau nduwe ati sing ora netep, istilahe modern bocah labil sing pendiriane kurang mantep.
Opo maneh yen sak umuran abg alias anak baru gede, kadang kahanan koyo kuwi mau sering di temokake malah malah dadi kahanan lumrah.
Kahanan mangkono mau asring banget di temokake dening bocah abg sing umuran SMP ngasi SMA, pancene umuran sakmono iku lagi bocah rodo bingung marang jati dirine durung isoh nentokake jati dirinya sak tenane.
Di tambah maneh sak umuran semono kui lagi gampang emosian, nek jarene Roma irama kui darah muda. Darah para remaja sing urip kui mung butuhe seneng, durung ngerti tanggung jawabe wong urip kuwi kudu ngopo.
Sak jane sak umuran semono kuwi pancene kudu ono bimbingan karo sing luwih tuwo, dadio uwong sing nggenah.

Piye Jal Carane Gawe Sego Tiwul

Hayo sopo sek ngerti jenengi "Tiwul", Nek sing wong ndeso yo wes mesti ngerti opo jenenge tiwul. Yoiku panganan sing di gawe seko gaplek alias telo garing sing di peme utowo gaplek. Nalikone jaman mbiyen tiwul kuwi dadi panganan favorit sing pendhak omah mesti akeh sing gawe. Mergane jaman semono durung akeh sing iso mangan sego, yo karang kahanane jaman mbiyen iseh susah dadi mangan yo sak anane.

Aku yakin yen bocah saiki mesti wes ora kenal karo sing jenenge tiwul, ngerti wae ora opo maneh ngrasakke. Jiant, memang wes berubah jamane. Elingku mbiyen, naliko jamane simbah iseh roso meh mben dino menyang sawah gawanane sego tiwul kui kanggo sangu karo di nggo managan nek wes bedug.
Piye Jal Carane Gawe Sego Tiwul
Sego Thiwul

Terus piye carane gawe sego tiwul? Sakdurunge kowe moco carane gawe sego tiwul mending di delok sek proses karo bahan sek arep di gawe sego tiwul kuwi.

Gaplek
Gaplek yoiku telo sek wes di peme utowo di garingke, biasane nek wong jaman mbiyen mari mulih seko sawah nggowo telo banjur di unceki nganti resik. Mari ngono terus di kumbah resik terus di peme nang latar nganti garing, kadang kolo ora mung cukup se dino opo rong ndino iso luwih suwi opo maneh nek mongso rendheng. Nek wis garing banjur gaplek iku mau di simpen nang senthong (gudang) dadi nek sak wayah wayah pengen nggawe tiwul, utowo grontol, opo gatot mung gari njupuk nang senthong.

Okey bro, saiki mbahas piye carane membuat tiwul instan? Carane gawe sego tiwul yoiku gaplek sing di simpen nang sentong mau di jupuk sak cukupe banjur di deplok( di tumbuk) ngasi lembut banjur di ayak nganggo saringan. Ngene waelah ben ora njelimet leh mu moco deloken ngisor iki:

Bahan sing di nggo
350 gram gaplek
150 gram gula jawa/ abang
200 gram parutan klapa
2 godhong pandan dawane 20 cm, di taleni
1 lembar godhong gedhang
350 ml banyu resik
Garam uyah kanggo nambah rasa sedhep.

Carane masak


  1. Singkong (gaplek) giling opo di deplok nganti dadi kaya glepung, banjur disiram banyu sithik-sithik, banjur di ulet nganti mbentuk bunderan cilik-cilik. Sisihke dhisik, amarga iki minangka bahan utama.
  2. Panaske dhandhang utowo kukusan, aja lali di lemeki nganggo godhong gedhang.
  3. Lebokne bahane utama mau menyang dhandhang utowo kukusan.
  4. Tambahi gula abang sing wis dipun serut nang nduwure thiwul sing di masak mau, kudu rata yo, nanging ora kabeh roto keno yo rapopo, banjur dikukus nganti kira-kira 1 jam, banjur di bukak.
  5. Sawisé iku, kukus klapa parutan sing karo godhong pandan lan tuwuhi uyah, nganti meh 15 menit, banjur angkat.
  6. Sego Tiwul siap dicicipi karo klapa klapa.

Lha kuwi mau carane nggawe sego tiwul manis tur gurih. Sanajan luwih rumit tinimbang masak sego biasa, sampeyan kudu nyoba. Yen sampeyan pengin apa sing ora manis, mung ninggalake gula abang.



Back To Top