Viral, Video Bule Golek Siso Panganan Nang Bak Sampah

Berita sing sempet viral nang jejaring social koyo facebook, yo kuwi ono sawijining video seko youtube sing marai uwong-uwong podho gumun. Isi video kuwi babagan bule kere sing nggolek sisone panganan nang bak sampah. Bule sing lagi plesiran nang Bali kuwi mau, mbuh kentekan duwit, grayah -grayah nang bak sampah golek panganan ning kawasan wisata Sanur, Denpasar, Bali. Vdeo kui mau terus dadi rerasan uwong-uwong sik gumunan. Nang video sing durasine 17 detik kuwi, bule kuwi mau lagi asyik gegrayahan nggolek panganan nang bak sampah. 

Wisatawan bule sing durung di ngerteni jenenge mau, ketoro deweke nggowo tas koper terus pindah-pindah panggonan karo mangan panganan siso sing di guwang nang bak sampah kuwi mau. Aksi bule kuwi mau nggarai heboh sak kiwo tengene wong Bali, mergane biasane nek bule teko mrono mung arep plesir lha kok mlah dadi koyo wong kere.


Video sing di unggah nang aku facebook Dwiyanthika Puja, akeh banget sing nanggapi werno-werno seko warga netizen. Akeh sing ra percoyo nek dheweke beneer bener nggolek panganan, akeh juga sing rumongso mesakke ndeloki bule kuwi mau.

Warganet liyane uga nanggapi wong sing rekam video kuwi mau, ngopo kok ming nonton ora mbantu bule kuwi mau.

Wargo masyarakat pengin seko dinas sosial nang kono iso mbantu wisatawan asing kuwi mau lan nggoleki opo masalahe sing di alami bule kuwi, dadine supayane ora koyok wong edan sing nggolek pangan nang bak-bak sampah kui mau.

Delok video iki.


Labels: BERITA VIRAL

Thanks for reading Viral, Video Bule Golek Siso Panganan Nang Bak Sampah. Please share...!

0 Comment for "Viral, Video Bule Golek Siso Panganan Nang Bak Sampah"


Back To Top